Edi Prasetyo

Tinggal di Purbalingga, Jawa Tengah. Sejak masih kuliah di IKIP Yogyakarta gemar menulis. Pernah menjadi guru di SMAN 1 Sokaraja, Banyumas 18 tahun, KS SMAN 1 S...

Selengkapnya
Navigasi Web
Numpak Sepur Bareng Turis Landa (Naik Kereta Api Bersama Turis Belanda)

Numpak Sepur Bareng Turis Landa (Naik Kereta Api Bersama Turis Belanda)

Edisi Bahasa Banyumasan :

Se jeg jumbleg, nembe tau inyong numpak sepur bareng turis Landa. Nembe bae munggah maring njero gerbong nang Stasiun Senen lan arep njagong, turis Landa loro sing wis njagong dhisit padha mesem karo ndelengena inyong.

“Hello!” ujare Landa loro sing esih enom-enom mau keton grapyak pisan.

Karo njagong inyong ya banjur semaur, “Hello.” Dheweke tetep esih mesem karo ndelengena inyong.

Karo mesem inyong takon maring dheweke, “Can you speak Indonesian?”

Landa loro mau banjur gedheg karo semaur, “No.”

Inyong dadi mandan bingung. Ngomong basa Landa, inyong ora teyeng. Ngomong basa Inggris, teyenge mung semendhing bae grathul-grathul. Karo mesem inyong banjur ngomong.

“Sorry, I can’t speak English. Maybe I can, but only slightly.” Mbuh bener mbuh ora inyong gole ngomong. Sing penting inyong wani ngomong. Landa loro mau banjur gemuyu karo ngecungi jempol.

Karo ngrasakena lajune sepur, seteyeng-teyeng inyong banjur nakokena nganggo basa Inggris sapa jenenge, sekang ngendi asale, lan arep maring ngendi bae. Dheweke terus padha nyebutena jenenge. Landa loro lanang-wadon mau ngaku sekang Nijmegen. Dheweke arep maring Jogja, kepengin ndeleng Candi Prambanan lan Candi Borobudur. Sewise sekang Jogja terus arep maring Malang, Bali, Lombok, lan Pilipina. Jere arep nang Indonesia rong wulan.

Se jeron ngati inyong mbatin, “Bisa plesir mubeng-mubeng nang Indonesia nganti rong wulan suwene tah kiye wong sugih”. Nanging bareng tek takoni, ngakune dheweke dudu wong sugih. Mung merga kepengin weruh objek wisata Indonesia bae mulane dheweke ngumpulena dhuwit nggo sangu. Inyong ya mung manthuk-manthuk karo gumun.

Sebanjure, turis Landa loro mau padha omong-omongan nganggo basa Landa. Inyong ya mung ngrungokena nanging ora mudheng. Searepe mudhun nang Stasiun Purwokerto, inyong banjur ngomong, nanging mbuh bener mbuh ora.

“Ok. I’m down here. Nice to meet you. Goodbye!”

Turis Landa loro mau semaur bareng, “Nice to meet you too.”

Inyong terus nyalami turis Landa loro mau. Sewise sepur mandhek, inyong banjur mudhun. [*]

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kalau Orang Indonesia kerjanya terikat. Liburan 2 bulan keliling dunia ya sehari juga abis duitnya. Nafsu shoppingnya tinggi. Kan paling konsumtif, Yah. Balik liburan dipecat. Harus jadi bos dulu baru bisa liburan rong wulan.

16 Feb
Balas

Hehehe.... Betul, Neng. Maunya apa saja dibeli. Sampai susah membawanya. Setelah di rumah, kadang tidak dimanfaatkan. Kalau kita, berlibur paling lama seminggu ya Neng? Memang Neng Aan tahu bahasa Banyumasan?

16 Feb



search

New Post